Hard News

KPU Solo Wiwit Sosialisasi Tataran Pilwakot Solo 2020

Sosial dan Politik

25 November 2019 23:02 WIB

KPU sosialisasi tataran Pilwakot Solo 2020.


SOLO, solotrust.com- Komisi Pemilihan Umum (KPU) Kota Surakarta netepaken syarat gunggungipun panyengkuyung calon independen utawi perseorangan. Calon independen ingkang majeng Pilwakot Solo 2020 paling boten 8,5 persen saking suwanten 421.999 Daftar Pemilih Tetap (DPT) ing Sala, Jawa Tengah.  



Kanthi syarat menika, ateges calon ingkang badhe majeng independen kedah ngempalaken panyengkuyung cacah 35.870 suwanten, ingkang sumebar ing tigang kecamatan utawi 50 persen langkung saking gunggung kecamatan.

Ketua KPU Surakarta Nurul Sutarti nelakaken, syarat minimal panyengkuyung perseorangan kedah dipun pasrahaken dhateng KPU langkung gasik saderengipun ndaftar minangka calon wali kota saha wakil wali kota.

“Adhedhasar PKPU no 15 tahun 2019 bab pasrah syarat panyengkuyung paslon bupati saha wakil bupati/wali kota saha wakil wali kota dhateng KPU kab/kota kawiwitan 11 Desember 2019 ngantos 5 Maret 2020.” Ngendikanipun.  

Formulir pasrah syarat panyengkuyung perseorangan ingkang dipun tandatangani panyengkuyung kedah dipun lampiri foto kopi Kartu Tanda Penduduk elektronik (e-ktp). Dumugi samangke KPU Surakarta sampun nampi saperangan calon ingkang kapingin majeng independen ing Pilwakot Solo  2020, ananging rata-rata taksih winates konsultasi. (daw)   

(wd)