Ekonomi & Bisnis

Regi Janganan Ing Peken Mindhak

Ekonomi & Bisnis

25 Oktober 2019 14:26 WIB

Gambaran.

BOYOLALI, solotrust.com- Mangsa ketiga panjang taun menika njalari kakirangan toya resik ing sakathahing daerah. Kajawi toya resik, ketiga panjang menika ugi njalari regi janganan ing peken tradisional Boyolali mindhak kathah.  

Regi sakathahing jangan saha bumbu pawon ing peken tradisonal Sunggingan, Boyolali sampun pinten-pinten dinten mindhak. Miturut bakul janganan Mutiah, indhak indhakan menika wiwit Rp 6 ewu ngantos Rp 10 ewu sabenkilo.



Ingkang mindhak ndedel regi brambang saking Rp 18 ewu saben kilo ananging wiwit tigang dinten kapengker dados Rp 24 ewu. Sawetawis bawang saking Rp 20 ewu mindhak dados watawis Rp 26 ngantos Rp 28 ewu sak kilonipun.

“Boten naming regi brambang bawang, regi sakathahing janganan ugi mindhak.” Ngendikanipun.

Kados kembang kol saking Rp 12 ewu samangke Rp 20 ewu saben kilo. Brokoli  sekawit Rp 17 ewu dados Rp 24 ewu ngantos Rp 25 ewu sak kilo. Wondene lombok taksih ajeg, jempit abrit  Rp 50 ewu saben kilo. Jemprit ijem Rp 30 ewu. Kawontenan menika njalari para bakul naming pasrah murih boten tuna, anggenipun blanja dipun suda.

Mindhakipun reregan menika njalari omset bakul mandhap nagntos 30 persen. (jaka/yen) 

(wd)