Hard News

Grebegan Botohan, 5 Pelaku Kecepeng

Hukum dan Kriminal

16 Oktober 2019 14:19 WIB

Ilustrasi. (pixabay)

SUKOHARJO, solotrust.com- Jajaran Satreskrim Polres  Sukoharjo nggerebek papan praktik botohan dhadhu ing wewengkon Kedungsono , Kecamatan Bulu, Kabupaten Sukoharjo. Saking pelaku, Polisi kasil nyita barang bukti arupi arta saha sakathahing pirantos botohan dhadhu.  

Botoh gangsal menika boten saged tumindak menapa menapa nalika Polisi nggrebeg . Kapolres Sukoharjo AKBP Bambang Yugo Pamungkas njlentrehaken, grebekan papan botohan dipun tindakaken Senin (14/10/2019) tabuh 23.00 WIB.



“Rikala semanten botoh 5 nembe botohan dhadhu.” ngendikane Kapolres.

Tanpa lumawan, pelaku 5 menika dipun cepeng petugas sinartan barang bukti, kados ta lembar lapak gambar dadu cliwik setunggal lembar, dhadhu cliwik tiga, setunggaling mangkok plastic, satunggaling tatakan bunder saking kajeng, gelaran kalih warna biru, saha sarta atusan ewu rupiah.

Praktik botohan kawiyak amargi wonten palaporan masyarakat ingkang was sumelang kalian mratahipun botohan ing bulu. Aparat Kepolisian lajeng mriksa lokasi ingkang dipun laporaken. Adhedhasar papriksan seminggu, penyidik wusananipum miyak praktik botohan ing bulu.

Pelaku 5 samangke ndhekem ing tahanan Mapolres Sukoharjo, sarta kajiret pasal 303 KUHP kanthi inciman ukuman kunjara paling dangu 10 taun saha dhendha 25 yuta  rupiah. (nas/yen) 

(wd)