Hard News

Kabesmen Wana, Polres Karanganyar Ndhapuk 6 Posko Terpadu

Jateng & DIY

12 Oktober 2019 12:07 WIB

Gambaran

KARANGANYAR, solotrust.com- Polres Karanganyar langsung responsif  magepkan kalian kabesmen ing wana ereng Lawu, Karanganyar.  

Kapolres nelakaken badhe enggal ndhapuk tim terpadu, saha mbuka posko kangge ngawekani kabesmen wana. Posko badhe dipun buka ing Cemoro Kandang, Jalur Cetho, Jalur Pengkok Jatiyoso, Jalur  Agrasmanis, Posko Sukuh Ngargoyoso, sarta tambak ing Ngargoyoso. Kabesmen ing wana redi Lawu ingkang pungkasan kedadosan ing kothak 63c-1 klas hutan HL, RPH Blumbang, BKPH Lawu Utara KPH Surakarta, Selasa (8/10/2019). Siti ingkang kabesmen 500 meter ngantos setunggal hectare.



Pehakipun nyebat  saindhenging siti kasebat asring kangge damel areng kajeng akasia, kethokan kajeng dipun besmi nuli dipuntilar ngglanggang. Polres Karanganyar mbekta sakathahing barang bukti tenggok, areng, pacul saha sanesipun.

Asisten Perhutani Bagian Kesatuan Pemangkuan Hutan  (ASPER BKPH) Lawu Utara, Widodo nelakaken, wonten siti 4 hektare ing ereng lawu ingkang kabesmen.

“Saking 4 hektar kasebat ingkang paling nemen ing daerah Mberuk, Kecamatan Jatiyoso.” Ngendikanipun. (joe)

(wd)